Kerajaan lan Keraton teng Cirebon sederenge Kesultanan Islam Cirebon

Cirebon, sami uning sedanten sawijining wewengkon teng Jawi Kilen ingkang nyepeng sejarah ageng perkawis agami Islam sareng wontene Kesultanan Cirebon, ingkang dibangun dening Sunan Gunung Jati.

Cirebon, sanese Kesultanan Cirebon, nyatae wonten babad sanese perkawis wontene Kerajaan lan Keraton ingkang langkung rumiyin wontene sederenge Kesultanan Islam Cirebon. Di antawise yaiku Kerajaan Indraprahasta, Keraton Carbon Girang, Keraton Singapura, Keraton Japura lan Kadipaten Palimanan teng andape kuwasa Keraton Galuh/Rajagaluh. Kangge tambih uninge kula sedanten, babad Kerajaan lan Keraton niku di antawise kayadene ingkang keserat teng andap niki.

1. Kerajaan Indraprahasta
Dikintenaken wontene teng warsa 363 – 723 Masehi, panggenan keratone wonten teng Desa Sarwadadi Kecamatan Talun (rumiyine Kecamatan Cirebon Selatan) Kabupaten Cirebon. Wewengkone yaiku Cimandung, Kerandon Cirebon Girang teng Kecamatan Talun. Raja pertamie yaiku Resi Santanu saking lembah lepen Gangga, dugi teng lemah Jawi keranten kiyambeke mlajeng utawi kesah sesampune kawon perang sareng Dinasti Samudra Gupta saking Kerajaan Magada (India).

Resi Santanu pikrama sareng Dewi Indari minangka putra estri ragil Rani Spati Karnawa Warman Dewi, Raja Slakanagara ingkang Kotaprajae teng Rajatapura, saniki wewengkon Pandeglang Banten. Kangge wates-wates wewengkon Kerajaan Indraprahasta, sisih kilen dikintenaken nganti Cipunegara (Subang), sisih Wetan nganti lepen Cipamali (Brebes), sisih Ler yaiku segara Jawi, sementawis sisih kidul boten enten seratan lan crios ingkang terang. Kangge Raja-raja ingkang pernah wonten teng Kerajaan Indraprahasta, yaiku:

  1. Prabu Resi Santanu Indraswara Sakala Kreta Buwana (363 – 398 M)
  2. Prabu Resi Jayasatyanegara (398 – 421 M)
  3. Prabu Resi Wiryabanyu, maratuwa Prabu Wisnuwarman saking Kerajaan Tarumanegara (421 – 444 M)
  4. Prabu Resi Wama Dewaji (444 – 471 M)
  5. Prabu Wama Hariwangsa (471 – 507 M)
  6. Prabu Tirta Manggala Dhanna Giriswara ( 507 – 526 M)
  7. Prabu Asta Dewa ( 526 – 540 M)
  8. Prabu Senapati Jayanagara ( 540 – 546 M)
  9. Prabu Resi Dharmayasa ( 546 – 590 M), mangsa babarane Nabi Muhammad SAW. warsa 571 M.
  10. Prabu Andabuwana (590 – 636 M) dateng pungkasane mangsa kuwasae Nabi Muhammad SAW.
  11. Prabu Wisnu Murti (636 – 661 M), wadyabala Islam sampun mardikaaken Palestina, Syria, Irak, Mesir lan Yaman
  12. Prabu Tunggul Nagara (661 – 707 M), teng mangsa niku ekspedisi Islam sampun dugi teng Asia Tenggara, khususe Indonesia uga dugi teng Cina
  13. Prabu Resi Padma Hariwangsa (707 – 719 M), teng mangsae Kekhalifahan Bani Umayah
  14. Prabu Wirantara (719 – 723 M), teng mangsae Islam sampun kiyat.

2. Keraton Carbon Girang
Keraton Carbon Girang asale saking Keraton Wanagiri, diadegaken dening Ki Gedheng Kasmaya nalika teng mangsa ambruke Kerajaan Indraprahasta. Robahan saking Wanagiri dados Carbon Girang, sesampune Ki Gedheng Kasmaya gadahi putra pertami ingkang wastae Ki Gedheng Carbon Girang, saking pikrama kiyambeke sareng Ratna Kirana putra estri Prabu Gangga Permana. Keraton Carbon Girang pernah didawuh di antawise dening:

  1. Ratu Dewata, uga disebat Ki Gedheng Kasmaya
  2. Ki Gedheng Carbon girang

Wekasane Keraton Carbon Girang, dikintenaken warsa 1445 M. Selajenge sesampune Pangeran Walangsungsang didadosaken Kuwu Carbon kaping kalih sareng gelar Pangeran Cakrabuwana gentosaken Ki Danusela, warsa 1447 M wewengkon Carbon Girang didadosaken setunggal teng andap kuwasae Kuwu Carbon II, lan teng warsa 1454 M Kuwu Carbon II (Pangeran Cakrabuwana) didadosaken Tumenggung dening Raja Pajajaran sareng gelar Sri Mangana.

3. Keraton Singapura
Singapura mangrupi sawijining pemerentah andapane Galuh ingkang sami sareng Keraton Carbon Girang. Panggenane Keraton Singapura kirang langkung sekawan kilometer sisih ler Giri Amparan Jati (saniki makame Sunan Gunung Jati), minangka wate lan ambae boten keserat terang, namung dikintenaken kirang langkung sapertos teng andap niki:

  • Sisih Ler batesan sareng Surantaka
  • Sisih Kilen watesan sareng Carbon Girang
  • Sisih Kidul watesan sareng Keraton Japura
  • Sisih Wetan watesan sareng Teluk Cirebon/Segara Jawi

Pingpinan ingkang keceluk di antawise yaiku Surawijaya Sakti lan ingkang pungkasan yaiku Ki Gedheng Tapa utawi Ki Jumajan Jati. Teng mangsa kuwasae Ki Gedheng Tapa niki didamel Mercusuar ingkang pertami dening Laksamana Te Ho saking negeri Cina warsa 1415 M. Mercusuar niku dados awit-awite keceluke Pelabuhan Cirebon. Singapura kiyambek sampun ngadeg sederenge Prabu Siliwangi munggah tahta teng warsa 1428 M.

4. Keraton Japura
Japura asale saking tembung “Gajahpura” artose gerbang mlebet Keraton ingkang ngelambangaken kewan gajah. Pingpinan ingkang keceluk yaiku Amuk Marugul Sakti Mandraguna. Keraton Japura minangka kotapraja saking Kerajaan Medang Kamulan teng sisih wetan Cirebon, tengahing pemerentahan di antawise Desa Japura Kidul, Japura Lor lan Desa Astanajapura teng Kecamatan Astanajapura, watese di antawise yaiku;

  • Sisih Ler watesan sareng Segara Jawi
  • Sisih Kidul watesan sareng Desa Cibogo lan Desa Jatipiring
  • Sisih Kilen watesan sareng Desa Mundu Pesisir lan Desa Suci
  • Sisih Wetan watesan sareng Desa Gebang.

5. Kadipaten Palimanan
Kadipaten Palimanan teng andape pemerentahan Raja Galuh, dipingpin dening sawijining Adipati yaiku Arya Kiban. Pusat Kadipaten wontene teng Pegunungan Kapur Gunung Kromong, Kecamatan Palimanan Kabupaten Cirebon saniki, ingkang langkung keceluk sareng sebatan Banyu Panas. Waktos niku wewengkone Kadipaten Palimanan yaiku Kecamatan Ciwaringin lan Kecamatan Susukan. Mangsa Kadipaten Palimanan nganti warsa 1528, teng waktos wontene perang pungkasan teng Gunung Gundul antawis Palimanan tanding sareng Cirebon.

(dikempalaken saking katah sumber, diserat malih dening Mugi Handoyo)

18332 Total Views    4 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below