Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Masjid Agung Sang Cipta Rasa (1489 M)

ciptarasaMesjid Agung Sang Cipta Rasa wonten teng sisih ler Keraton Kasepuhan Cirebon. Mesjid niki gadahi kalih kamer, yaiku tritisan lan kamer utami. Kangge kesah teng kamer utami, wonten lawang katahe sanga, ingkang ngelambangaken Wali Songo. Masarakat Cirebon jaman rumiyin dugi saking katah etnik. Sing kados niki saget ditingal saking arsitektur Mesjid Agung Sang Cipta Rasa ingkang nyampuraken gaya Demak, Majapahit lan Cirebon.

Ciri khusus Mesjid niki wontene teng atap gendhenge ingkang boten gadahi kubah utawi memolo, kayadene umume teng gendhenge mesjid-mesjid sanese teng Pulau Jawi. Wonten critae, jaman rumiyin Mesjid niki wonten memoloe. Namung, waktos ngelangkungi adan pitu kangge ngusir Satria Menjangan Wulung ingkang damel geger teng riku, memolo Mesjid niku mabur ngalih teng Mesjid Agung Banten, ingkang nganti saniki maksih gadahi kalih memolo. Keranten crita punika, nganti saniki unggal sholat Jemuah teng Mesjid Agung Sang Cipta Rasa dilangkungi adan pitu, yaiku adan sing dilangkungi sesarengan dening tiyang pitu ingkang dados muadzin ngangge seragam petak.

Teng sisih mihrab Mesjid, wonten ukiran ujude kembang terate ingkang didamel dening Sunan Kalijaga. Selajenge, teng mihrab uga wonten tigang ubin wonten ciri khususe ingkang ngelambangaken tigang ajaran pokok agami, yaiku Iman, Islam lan Ihsan. Miturut crita, ubin punika dipasang dening Sunang Gunung Jati, Sunan Bonang lan Sunan Kalijaga teng awite ngadeg Mesjid. (baca juga : Wisata Cirebon “Tempo Doeloe” Keraton Kanoman (1588 M))

Teng teras utawi tritisan sisih tengen Mesjid, wonten sumur zam-zam utawi Banyu Cis Sang Cipta Rasa ingkang rame kedugian katah tiyang, khususe teng sasi Romadhon. Katah ingkang percanten yen toya punika gadah khasiat kangge ngobati katah penyakit. Selajenge uga wonten ingkang percanten yen sumur sing wonten kalih kolame niki uga saget diengge kangge nguji jujur utawi boten tiyang ingkang ngunjuk toyae. (baca juga : Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kasepuhan)

(dikempalaken saking katah sumber, diserat malih dening Mugi Handoyo)

10878 Total Views    12 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below