Ngurus BPJS Kesehatan niku Gratis

bpjsCirebon – Inggile pikarep saking masarakat ingkang bade milet dados peserta program Jaminan Kesehatan Nasional utawi JKN teng wilayah tiga Cirebon, niki dadosaken pinten-pinten kantor pelayananenipun tansah rame. Malah kangge Kantor Cabang Utama (KCU) Cirebon ingkang gadahi tanggungjawab kangge Kantor Layanan Operasional Kabupaten Cirebon, Indramayu lan Kuningan, unggal dinten teras kedugian langkung saking gangsalatus (500) tiyang.

Kedadosan kayadene mekoten dimangpaataken dening oknum-oknum ingkang boten gadah tanggungjawab, minangka kangge persoalan puniki oknum-oknum calo niku katah ingkang nawakake ngupayakaken proses administrasi langkung enggal namung nyuwun disukani upah yatra.

Pingpinan Kantor BPJS KCU Cirebon, Drg. Bona Evita, AAK., pinten-pinten waktos ingkang sampun keliwat nerangaken, BPJS awit teng pusat nganti daerah sampun gadahi aturan ingkang tegas perkawis persoalan punika. Aturan tegas punika, gadahi pesen kangge masarakat supados boten keder lan ragu kangge daptaraken awak kiyambek dados peserta mandiri teng Kantor BPJS ingkang langkung caket, kranten proses adminstrasi ingkang selerese niku gampil lan enggal uga boten enten panyuwunan yatra kangge beaya administrasi. Namung masarakat uga kudu uning, iuran unggal sasi niku mangrupi sawiji kewajiban ingkang kudu dibayaraken.

Bona Evita nambihaken, kiyambeke gadahi pangarepan supados dokter lan uga rumah sakit ingkang dereng ngelangkungi kerjasama, enggal milet gabung sesarengan kangge nyuksesaken program pemerentah punika. Maksudenipun yaiku JKN niku mangrupi program ageng saking pemerentah perkawis masalah kesehatan. Tanggungjawab sesarengan nyuksesaken program JKN sanes mung saking BPJS Kesehatan mawon ingkang ngelaksanakaken, namung uga jaringan fasilitas kesehatan, tenaga kesehatan, pemerentah pusat dumugi daerah lan uga pihak-pihak gegandengan sanese. Kranten, sedanten masarakat Indonesia kudu angsal pelayanan kesehatan ingkang sae lan nyukupi.

 

sumber: radarcirebon.com

alih bahasa : mugi handoyo

8031 Total Views    4 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below