Pelabuhan Muara Jati Cirebon

muara2Teng abad 14 rumiyin, wonten sawiji pedukuhan nelayan teng pinggire segara sing wastae Muara Jati. Waktos punika, sampun katah kapal saking negeri sebrang sing dugi kangge ngelangkungi sadean utawi niaga. Kesebat Ki Gedeng Alang Alang, pingpinan pelabuhan, waktos niku mindahaken panggonane wargi Muara Jati dateng Lemahwungkuk. Selajenge ngadegaken Kerajaan enggal sareng Raja gadah gelar Cakrabuana. Ngadege Kerajaan Cirebon, saget bakta Muara Jati tambih majeng dados pelabuhan sing keceluk teng Asia Tenggara.

Katah pitutur, tembung Cirebon kiyambek asale saking Caruban utawi panggonan kepanggian utawi persimpangan dermagi/dalan. Ujud “Caruban” niki dateng Tome Pires dicatet dados “Choroboarn”. Wonten kamungkinan angsal pengaruh saking basa Sunda sing awite Ci (artie toya utawi milie lepen/kali), kotapraja niki selajenge disebat Cirebon. Arti sanese yaiku lepen sing katah urang/udang (urang alit disebat rebon). Tilase kejayaan Muara Jati dados dermagie niaga saget ditingal saking arsitektur bangunan Keraton. Teng Cirebon wonten tigang keraton, yaiku Kasepuhan, Kanoman lan Kacirebonan. Keraton Kasepuhan lan Kanoman asritekture niku ketingal gaya Cina – Jawi, sementawis Kacirebonan arsitektur gaya Eropa.

Teng panggonan sanese yaiku Trusmi, batik Trusmi mangrupi karya Cirebon sing nganti waktos saniki maksih dipilari katah tiyang. Wonten kalih motip batik Cirebon, yaiku batik pesisir ingkang katah pengaruh Cina lan batik Keraton ingkang katah pengaruh Hindu lan Islam. Batik pesisir, katah motip perlambang tanduran lan hewan, kayadene hewan segara lan lemah utawi darat, iwak, wit-witan lan godong-godongan. Sementawis batik Keraton motipe mangrupi watu-watuan, kereta singa barong, naga seba, taman arum lan ayam alas.

Saniki Muara Jati dados pelabuhan sepi. Wontene mung truk-truk sing ngangkut batubara mawon sing medal-mlebet pelabuhan. Nalika rumiyin, wewengkon Ciayumajakuning (Cirebon, Indramayu, Majalengka lan Kuningan) gadahi katah barang sing saget diekspor. Namung saniki produk andalan saking Ciayumajakuning lan pinten-pinten wewengkon sanese teng Jawa Barat, ekspore ngelangkungi Pelabuhan Tanjung Priok – Jakarta. Sementawis lamun dietang, beya kintun barang saking Ciayumajakuning dateng Tanjung Priok niku larang. Kangge kintun barang muatan truk setunggal mawon kudu medal beya langkung saking 2 juta. Sanese punika, ngirimaken lan antrian teng Tanjung Priok uga nelasaken waktos sing lami.

Sedanten upaya kangge ngembangaken pelabuhan Cirebon sampun lami dilangkungi, uga teng jaman Belanda. Teng warsa 1890 M pelabuhan diambaaken sareng ngedamel kolam pelabuhan lan uga gudang-gudang. Tamtu dados lawang gerbang ekonomi Pulau Jawi gadahi peran utami. Kagunaan sanese yaiku wontene terminal batubara, aspal curah lan minyak sawit lan uga ngelayani sadean antawis pulau. Katahe gudang lan terminal nyimpen barang uga wonten teng pelabuhan Cirebon. Teng selebete Peraturan Daerah No. 2 Tahun 2003 perkawis Rencana Tata Ruang Wilayah Propinsi Jawa Barat, Cirebon didadosaken Pusat Kegiatan Nasional. Rencanae, Pelabuhan Cirebon dados Pelabuhan Internasional minangka mangrupi lawang gerbange perekonomian Jawa Barat teng wewengkon wetan.

Upaya ngembangaken Pelabuhan Cirebon niku dados bagian saking sekawan tujuan utami pembangunan Jawa Barat. Tujuan niku di antawise ngedamel dermagi lintas Jawa Barat teng wewengkon kidul, ngedamel bandara Internasional teng Majalengka, ngembangaken Pelabuhan Cirebon dados Pelabuhan Internasional. Sareng ngembangaken Pelabuhan Cirebon, Jawa Barat saget nyelametaken pendapetan saking tiyang lan perusahaan sing kintun barang nganggee Pelabuhan Tanjung Priok Jakarta utawi Pelabuhan Tanjung Emas Semarang.

Ngembangaken Pelabuhan Cirebon uga saget dados dorongan kangge usaha sanese. Pembangunan dermagi tol Cikampek – Cirebon, Cileunyi – Sumedang – Dawuan (Majalengka) lan uga pembangunan Bandara Internasional teng Majalengka enggal kelakon. Keranten mengkin nalika Pelabuhan, dermagi tol lan bandara Internasional sampun dados, Ciayumajakuning saget dados urat bisnis utami teng Pulau Jawa. Lan uga tamtu boten mustahil nalika Muara Jati saget dados pelabuhan penting malih teng Asia Tenggara kayadene jaman rumiyin.

Mugiya mawon pemerentahan pusat sing enggal, saget ngutamakaken rencana puniki, supados pemerataan ekonomi kususe teng Pulau Jawa saget enggal dilaksanakaken. (c24mg)

(diserat dateng Mugi Handoyo, dikempalaken saking katah sumber)

13734 Total Views    4 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below