Tradisi Bubur Suro Keraton Kanoman

kanoman1Cirebon24.comTeng tanggal Sedasa (10) sasi Muharam utawi Asyuro 1436 Hijriah ingkang keparengan sareng tanggal 3 Nopember 2014, diajeni Kesultanan Kanoman Cirebon sareng ngelangkungi ritual bubur suro. Tradisi ingkang nganti saniki maksih dilestariaken teng Keraton punika, kedugian poro sepah Keraton lan uga masarakat katah.

Patih Keraton Kanoman, Pangeran Raja Qodiran ngewakili Sultan Kanoman kaping rolas Sultan Raja Muhammad Emirudin ngandaaken yen tradisi ingkang dilangkungi unggal tanggal sedasa Muharam niku mangrupi  peringatan dateng kedadosan Nabi Nuh As. sareng poro rencange ingkang siweg ngelangkungi kekirangan bahan kangge daharan.

“Sapertos kula sedanten uning, kedadosan Nabi Nuh As. waktos niku wewengkon ingkang kangge mukim dilelepaken waktose sekawan dasa dinten dateng Alloh SWT., dados wujuding azab kangge wargi kiyambeke sing ingkar. Teng kahanan puniku, piyambekipun mangpaataken sedanten tilas daharan sing maksih wonten kangge dimasak lan disuguhaken dados bubur. Kedadosan punika mangrupi awite dilangkungi tradisi bubur suro,” kandae.

Bubur ingkang didamel saking werni-werni tela pendem lan woh-wohan niku sedantene didadosaken setunggal. Wadahe bubur suro niku ujude kayadene kapal sing didamel saking godong gedang, minangka pangeling kisah Nabi Nuh As. Selajenge, Nabi Nuh As. teng selebete kedadosan banjir ageng, teng kapale niku bakta pinten-pinten jinis tela pendem lan woh-wohan. “Sanese kangge ngejaga tradisi, kegiatan ngedamel lan nyukani bubur suro niki dados pangeling supados kula sedanten katah syukure”, ujare.

Sawiji wargi wewengkon cakete Keraton Kanoman ngendika, kiyambeke lila kangge antri ngentosi angsal bubur suro kirang langkung setunggal jam. “Keranten bubur suro niku keraose eca, lan wontene mung setaun sepisan.” Ukara kiyambeke. Meh unggal taun kiyambeke dugi teras teng Keraton Kanoman yen tanggal sedasa Muharam. “Mung teng tanggal sedasa Muharam mawon wonten bubur suro. Mugiya dados barokah,” tembunge. (c24MH)

(diserat dening Mugi Handoyo, sumbere saking radarcirebon.com)

12937 Total Views    4 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below