Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Gua Sunyaragi (1703 M)

sunyaragi24Gua Sunyaragi wontene teng Kelurahan Sunyaragi Kecamatan Kesambi Kota Cirebon, persis teng sisih ler dermagi Bypass Brigjen Dharsono mangrupi dermagi utami jalur pantura Jawa Barat – Jawa Tengah. Kirang langkung 15 menit lelampahan saking pusat Kota Cirebon, uga panggene parkir kendaraan ingkang wiyar mangrupi dados sawijining pasilitase.

Sejarah ngadege Gua Sunyaragi gadahi kalih pakem, ingkang pertami yaiku pawarta kanda perkawis sejarah ngadege Gua Sunyaragi ingkang dicariosaken kados turun-temurun dening para bangsawan Cirebon utawi turunan Keraton. Pakem punika keceluk sareng sebatan Caruban Kandha. Sementawis pakem kaping kaling yaiku pakem Caruban Nagari ingkang sumbere saking buku “Purwaka Caruban Nagari” seratan Pangeran Kararangen teng warsa 1720 M. Namung, sejarah ngadege Gua Sunyaragi pakem Caruban Nagari niku ingkang diengge dados pakem sedanten pemandu wisata Gua Sunyaragi kangge nyukani katerangan perkawis sejarahe gua punika, keranten sumber ingkang keserat langkung gadahi bukti ingkang kiyat, tenimbang sumber-sumber pawarta kanda utawi dongeng lisan.

Komplek Gua Sunyaragi ngadege ngelangkungi katah proses. Panggenan niki sampun ngelangkungi pinten-pinten bingkaran lan dandanan. Miturut buku Purwaka Caruban Nagari ingkang diserat dening Pangeran Arya Carbon, Tamansari Gua Sunyaragi didamel teng warsa 1703 Masehi dening Pangeran Kararangen. Pangeran Kararangen kiyambek niku wasta utawi jeneng sanese saking Pangeran Arya Carbon.

Namung miturut Caruban Kandha lan uga pinten-pinten seratan sanese saking Keraton Kasepuhan, Tamansari punika didamel keranten Pesanggrahan Giri Nur Sapta Rengga robah ginae dados makam utawi pesarean Raja-raja Cirebon, ingkang saniki keceluk dados Astana Gunung Jati. Punapa malih bilih diubungaken sareng pedamelan kangge nambih wiyare Keraton Pakkungwati (saniki Keraton Kasepuhan Cirebon) ingkang kedadosan teng warsa 1529 M, sareng ngedamel tembok utawi kuta kubeng Keraton, Siti Inggil lan sanese. Kangge data ngebandingaken, Siti Inggil didamel sareng sasmita candra sengkala “Benteng Tinataan Bata” ingkang artose warsa 1529 Masehi.

Sementawis teng Tamansari Gua Sunyaragi wonten sawijing taman candra sengkala ingkang disebat “Taman Bujengin Obahing Bhumi” ingkang artose warsa 1529 Masehi. Siti Inggil sareng Tamansari Gua Sunyaragi gadahi padanan, yaikku wontene gapura Candi Bentar” ingkang sami agenge, ujude lan didamele. Pangeran Kararangen mung ngedamel Kompleks Gua Arga Jumut lan Mande Kemasan Mawon.

(dikempalaken saking katah sumber, diserat malih dening Mugi Handoyo)

baca juga :

Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kasepuhan (1529 M)

– Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kanoman (1588 M) 

– Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Masjid Agung Sang Cipta Rasa (1489 M)

Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kacirebonan (1800 M)

20121 Total Views    4 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below