Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kanoman (1588 M)

kanoman4Keraton Kanoman mangrupi pusate peradaban Kesultanan Cirebon, ingkang selajenge pecah dados Keraton Kanoman, Kasepuhan, Kacirebonan lan Kaprabonan. Agenge agami Islam teng Jawi Kilen katah pengaruhe saking Cirebon. Sunan Gunung Jati mangrupi tiyang ingkang gadah tanggungjawab nyebaraken agami Islam teng Jawi Kilen, tamtu ngendika perkawis Cirebon uga boten saget nyupenaken Syarif Hidayatullah utawi Sunan Gunung Jati.

Sunan Gunung Jati uga ninggalaken tilase ingkang nganti saniki maksih ngadeg jejeg, tilase niku jenenge Keraton Kanoman. Keraton Kanoman maksih manut nyepeng adat istiadat lan pepakem, di antawise ngelaksanakaken tradisi Grebeg Syawal, setunggal minggu sesampune Idul Fitri lan ziarah teng pesarean leluhur yaiku Sunan Gunung Jati teng Desa Astana Kabupaten Cirebon. Barang-barang tinggalan sejarah teng Keraton Kanoman, caket ubungane sareng syiar agami Islam ingkang giat dilangkungi dening Sunan Gunung Jati, uga keceluk sareng wasta Syarif Hidayatullah. (baca juga : Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Masjid Agung Sang Cipta Rasa (1489 M))

Komplek Keraton Kanoman ingkang gadahi amba kirang langkung nenem hektar niki, panggenane teng wingkinge peken Kanoman. Teng Keraton niki manggen Sultan kaping rolas ingkang wastae Raja Muhammad Emiruddin sareng kulawargie. Keraton Kanoman kiyambek mangrupi komplek ingkang jembar, wonten pitulikur gedong kuna. Wonten setunggal saung jenenge Bangsal Witana ingkang mangrupi awit-awitane Keraton ingkang jembare meh ping gangsale lapangan bal. (baca juga : Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kasepuhan (1529 M))

Teng Keraton niki maksih wonten barang-barange Sunan Gunung Jati, kayadene kalih kereta jenenge Paksi Naga Liman lan Jempana ingkang maksih sae diopeni lan kesimpen teng museum. Teras wonten Burok, yaiku kewan ingkang ditumpaki Kanjeng Nabi Muhammad SAW. nalika kiyambeke ngelangkungi Isra Mi’raj. Boten tebih saking kalih kereta punika, wonten Bangsal Jinem utawi Pendopo kangge nampi sema, winisuda Sultan lan maringi restu sawijining upacara kayadene Maulid Nabi. Teras teng sisih tengah Keraton, wonten komplek gedong-gedong jenenge Siti Hinggil.

Ingkang langkung disenengi saking Keraton teng Cirebon niki, yaiku wontene piring-piring porselen asli Negeri Tiongkok ingkang dados paesan tembok sedanten Keraton teng Cirebon. Sanes mung teng Keraton mawon, piring-piring keramik punika nyebar meh teng sedanten situs sejarah teng Cirebon. Ingkang boten kawon pentinge saking Keraton teng Cirebon yaiku Keraton sedantene madep ngaler. Teng latare wonten patung macan minangka dados lambange Prabu Siliwangi. Teras teng ajenge Keraton mesti wonten Alun-alun kangge rayat kempal lan pasar dados pusate dol tinuku, lan teng sisih kilen Keraton mesti wonten Mesjid.

(dikempalaken saking katah sumber, diserat malih dening Mugi Handoyo)

22120 Total Views    4 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below