Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kasepuhan

keraton2Keraton Kasepuhan mangrupi Keraton ingkang paling ageng teng Cirebon. Makna teng unggal pojokan arsitektur Keraton niki keceluk paling katah sejarahe. Latar ajeng Keraton niki dikubengi tembok bata abrit lan wonten pendopo teng selebete.

Keraton Kasepuhan gadahi museum ingkang cekap kumplit lan isen-isene mangrupa barang pusaka uga lukisan koleksi Keraton. Sawijining koleksi ingkang dikeramataken yaiku kereta Singa Barong. Kereta niki saniki sampun boten diengge malih lan medale mung unggal tanggal setunggal Syawal kangge diadusaken.

Teng selebete Keraton niki wonten pinten-pinten bangunan, di antawise yaiku bangunan utami wernie petak. Teng selebete bangunan punika wonten kamer sema, kamer kilem lan singgasana raja.

Keraton Kasepuhan didamel teng warsa 1529 Masehi dateng Pangeran Mochamad Arifin II, kiyambeke niku mangrupi cicit saking Sunan Gunung Jati, ingkang gentosaken tahta saking Sunan Gunung Jati teng warsa 1506 Masehi. Kiyambeke mukim teng selebete Dalem Agung Pakungwati Cirebon. Keraton Kasepuhan kiyambek rumiyine gadah jeneng Keraton Pakungwati, sementawis Pangeran Mas Mochammad Arifin gadah gelar Panembahan Pakungwati I. Sebatan Pakungwati niki asale saking wasta Ratu Dewi Pakungwati binti Pangeran Cakrabuana ingkang pikrama sareng Sunan Gunung Jati. Kiyambeke seda teng warsa 1549 Masehi teng selebete Masjid Agung Sang Cipta Rasa teng umur ingkang sepah. Wasta kiyambeke dilestariaken lan dimuliyakaken saking nasab Sunan Gunung Jati dados jeneng Keraton, yaiku Keraton Pakungwati ingkang saniki jenenge Keraton Kasepuhan. (baca juga : Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kanoman (1588 M))

Teng ajenge Keraton Kasepuhan wonten alun-alun ingkang jaman rumiyin jenenge Alun-alun Sangkala Buana, mangrupi panggenane latiyan prajurit ingkang dilampahi unggal dinten Sebtu, utawi istilah waktos niku yaiku Saptonan. Selajenge, teng alun-alun niki uga rumiyin dilampahi sedanten hukuman kangge unggal rayat ingkang ngelanggar aturan, contoe yaiku hukuman cambuk. Teng sisih kilen Keraton Kasepuhan wonten Masjid ingkang cekap ageng kasil karyae saking poro wali yaiku Masjid Agung Sang Cipta Rasa. (baca juga : Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Masjid Agung Sang Cipta Rasa (1489 M))

(dikempalaken saking katah sumber, diserat malih dening Mugi Handoyo)

14190 Total Views    4 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below