Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Makam Sunan Gunung Jati

sgj4Sunan Gunung Jati mangrupi sawijining tiyang saking sangang tiyang ingkang nyebaraken agami Islam teng Tanah Jawi ingkang keceluk sareng sebatan Wali Songo. Lelampahan kiyambeke sanese dados pemingpin spiritual, sufi, mubaligh uga dai teng gesange, uga dados pemingpin rayat keranten kiyambeke dados Raja teng Kasultanan Cirebon minangka kiyambeke dados Sultan ingkang pertami Kasultanan Cirebon nalika awite maksih jenengenipun Keraton Pakungwati.

Komplek Makam Sunan Gunung Jati wonten teng Desa Astana Kecamatan Gunung Jati Kabupaten Cirebon, kirang langkung 5 (gangsal) kilometer saking pusat Kota Cirebon. Wontene persis teng sisih kilen saking dermagi Cirebon – Indramayu, unggal dinten rame kedugian katah tiyang kangge ziarah punapa malih dinten-dinten khusus sapertos dalu Jemuah lan dinten pasaran Jawi yaiku Kliwon.

Mlebet teng komplek pemakaman utawi pesarean Astana Gunung Jati, pertami ingkang ketingal yaiku Balemangu Majapahit, ujude bale undak-undakan ingkang mangrupi hadiah saking Demak teng waktos pikrama Sunan Gunung Jati sareng Nyi Mas Tepasari, lare estri saking Ki Ageng Tepasan penggede saking Majapahit.

Melampah langkung mlebet ketingal Balemangu Pajajaran, yaiku bale-bale ageng hadiah saking Prabu Siliwangi dados sasmita teng waktos winisuda Syarif Hidayatullah dados Sultan Kasultanan Pakungwati (awit-awitane Keraton teng Cirebon).

Makam utawi pesarean Sunan Gunung Jati ingkang wontene teng bukit Gunung Sembung mung angsal dilebeti dening keluwargi Keraton ingkang dados turunane lan uga abdi rewang unggal dinten ingkang dados Juru Koncie. Sanese saking tiyang-tiyang ingkang wau disebataken, boten enten masih ingkang saget mlebet teng makam Sunan Gunung Jati. Keranten, katah barang-barang sejarah ingkang kudu dijagi kayadene keramik-keramik utawi barang-barang porselen sanese ingkang tenempel teng tembok-tembok lan uga guci-guci ingkang dipajang seturute margi makam. Keramik-keramik ingkang tenempel teng tembok gedong makam, miturut crita dibakta dening garwa Sunan Gunung Jati ingkang asale saking negeri Cina, yaiku Putri Ong Tien. Katah keramik ingkang maksih sae ujude, wernie lan uga rancange. Kranten punika, dikuatosaken yen tiyang katah bebas medal mlebet sapertos makam-makam wali sanese, lajeng barang-barang niku saget ical utawi bubrah.

(dikempalaken saking katah sumber, diserat malih dening Mugi Handoyo)

baca juga :

Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kasepuhan (1529 M)

– Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kanoman (1588 M) 

– Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Masjid Agung Sang Cipta Rasa (1489 M)

Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kacirebonan (1800 M)

 

28103 Total Views    4 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below