Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Masjid Bata Merah Panjunan (1453 M)

panjunanMasjid Bata Merah Panjunan dianggep mesjid ingkang langkung sepah teng Cirebon, didamel dening Pangeran Panjunan teng warsa 1453 Masehi. Wonten ingkang carios, mesjid niki langkung sepah saking Mesjid Demak (1477 M), Mesjid Menara Kudus (1530 M) lan Mesjid Agung Sang Cipta Rasa (1489 M).

Masjid Merah Panjunan, wonten teng Dalan Kolektoran Kampung Panjunan Kelurahan Panjunan Kota Cirebon. Meh sedanten bangunane dipaesi dening werni abrit lan tamtue rajek watu batae uga abrit. Awite, mesjid niki jenenge Al-Athyang ingkang artose ditresnani. Namung keranten kuta utawi rajeke ingkang kedamel saking bata abrit, selajenge dadosaken mesjid niki langkung keceluk sareng sebatan Masjid Merah Panjunan.

Rumiyin, mesjid niki awite mangrupi Tajug utawi Musholla biasa mawon. Selajenge, keranten wewengkon teng riku mangrupi panggenan kepanggihe tiyang sadean saking katah nagari, Pangeran Panjunan gadah pikir kangge ngedamel Musholla niku dados mesjid sareng campuran  budaya lan agami sederenge Islam yaiku Hindu – Buddha. Sanese amargi agami niku, arsitektur mesjid niki uga wonten pangaribawa utawi pengaruh saking gaya Jawi lan Cina.

Teng mesjid niki boten enten mimbare, keranten mung diengge kangge ngelangkungi sholat gangsal waktos mawon, boten kangge sholat Jum’at. Bangunan lami mesjid niki amba awite mung 40 meter persegi, selajenge dirombak malih dados ambae 150 meter persegi. Teng warsa 1949, Panembahan Ratu minangka cicit saking Sunan Gunung Jati, ngedamel rajek Kutakosod saking bata abrit kandele 40 sentimeter sareng inggile 1,5 meter kangge kubenge mesjid punika. Mesjid Merah Panjunan mangrupi bagean saking khasanah budaya Islam teng lemah Caruban inkang wajib kula sedanten uning, minangka dados bukti saking tresnae kula sedanten teng budaya, tinggalan utawi warisan sejarah negara kula sedanten.

(dikempalaken saking katah sumber, diserat malih dening Mugi Handoyo)

baca juga :

Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kasepuhan (1529 M)

– Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kanoman (1588 M) 

– Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Masjid Agung Sang Cipta Rasa (1489 M)

Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kacirebonan (1800 M)

Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”; Gua Sunyaragi (1703 M)

13110 Total Views    4 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below