Melacak Bendera Macan Ali Kesultanan Cirebon

 

ali

Sawiji conto duplikat bendera Macan Ali Kesultanan Cirebon teng kegiatan “Bedah Naskah Bendera Kesultanan Cirebon”, teng Balai Pengelolaan Kepurbakalaan, Sejarah, dan Nilai Tradisional, Jalan Dipatiukur, Kota Bandung. Bendera punika mangrupi duplikat saking bendera Macan Ali ingkang disimpen teng Museum Tekstil Tanah Abang Jakarta.

Nganti waktos puniki, kawontenan bendera Macan Ali Kesultanan Cirebon ingkang asli dereng wonten sing uning, minangka saniki wonten kalih bendera Macan Ali sareng rupa lan wujud kang sami, yaiku teng Museum Tekstil Tanah Abang Jakarta lan teng Museum Rotterdam Negeri Belanda.

Wonten reka-reka minangka bendera ingkang wonten teng Museum Rotterdam Belanda niku mangrupi bendera Macan Ali asli, damelane langsung Syarif Hidayatullah atanapi Sunan Gunung Jati, pemingpin Kerajaan Islam Cirebon gangsal abad bengien. Sementawis bendera ingkang wonten teng Museum Tekstil Jakarta saget dipastiaken mangrupi bendera tiruan utawi duplikat.

Guru Besar Ilmu Sejarah Universitas Padjadjaran Bandung, Prof. Dr. A. Sobana Hardjasaputra, nerangaken, awit diciptaaken bendera punika, sampun dianggep dados simbol Kerajaan lan semanget perjuangan agami islam. Namung nganti saniki maksi dereng wonten sing uning kelawan pasti perkawis asal-usul bendera punika, keranten dereng wontene penelitian ilmiah.

Senajan mekoten, masarakat Cirebon sampun lami nganggep bendera punika sanes kayadene bendera biasa mawon, namung sampun dianggep dados dedalane dakwah teng selebete syiar agami Islam ingkang uga katah gadahi nilai-nilai sakral utawi keramat, lan uga wontene keyakinan yen bendera punika gadahi kekiatan gaib kangge tolak bala teng masarakat Cirebon.

Selajenge maksi miturut kanda kiyambeke, kangge buktiaken aslie bendera-bendera punika, tamtu kudu dilangkungi penelitian selajenge kangge kalih bendera punika. Niatan ngelangkungi penelitian niku kudu diawiti saking pihak Kasultanan sareng dukungan sedanten ahli sejarah. Lamun selajenge ternyata angsal kesimpulan nalika bendera ingkang kesimpen teng Rotterdam Belanda niku mangrupi bendera ingkang asli, tamtu selajenge Pemerentah kudu nyukani dukungan supados bendera Macan Ali punika saget wangsul malih teng Indonesia.

Sementawis kangge bendera Macan Ali duplikat sing wontene teng Museum Tekstil Jakarta, ujudenipun mangrupi batik tulis sareng kaen, minangka bahan utamae niku saking kapas ingkang disukani hiasan pola kaligrapi Arab sareng ukurane niku 310 x 196 sentimeter. Bendera niku ujude segi panjang gangsal sudut sareng ujung lancip kayadene pitunjuk arah, lan warna dasare niku biru rada ireng. Teng tengahe wonten gambar pedang cagak lan kaligrapi ujud Macan Ali, utawi gambar kaligrapi Arab ujude macan katahe tiga, uga wonten tulisan rajah ujude ornamen kotak katahe sekawan.

Penata Kebudayaan Kasultanan Cirebon, Bambang Irianto, nyukani katerangan, perkawis bendera teng Rotterdam Belanda punika asli utawi duplikat, kiyambeke ngewakili pihak Kasultanan Cirebon rumasa boten saget nampi tanggung jawab kangge perawatane, keranten perawatan bendera punika kudu gadahi teknologi canggih lan tiyang kang ahli, uga tempat ingkang aman, khusus lan steril.

Miturut kiyambeke, wontene wewara bendera Macan Ali ingkang teng Rotterdam Belanda, awite nalika kiyambeke angsal undangan kangge dados narasumber sejarah teng Erasmus Huis Belanda. Teng waktos punika, kiyambeke disukani uning dumateng Walikota Rotterdam yen kiyambeke gadahi bendera Macan Ali Cirebon ingkang disimpen teng Museum Rotterdam. Namung, Bambang Irianto kiyambek uga boten saget nyukani jawaban lan kepastian yen bendera teng Rotterdam niku asli utawi boten. Mung mawon miturut babad lan sejarah kang wonten, kiyambeke nyukani uning yen bendera punika gadahi kekiatan gaib, di antawise nalika Keraton Mangkunegaran Solo teng sawiji waktos gadah niat kangge nyuwun idin nyili dibakta kangge ngobati Raja Mangkunegaran ingkang siweg gering. Sesampune Raja Mangkunegaran selimutan sareng bendera punika, kiyambeke langsung wilujeng lan waras malih.

Selajenge uning kedadosan mekoten, pihak penjajah Belanda wedos yen karomah bendera punika saget dados simbol kekiatan rakyat kangge ngelawan penjajah, bendera punika dibakta Belanda kangge disimpen. Namung sederenge dibakta, keleresan pisan raja Mangkunegaran sempet ngedamel duplikat bendera Macan Ali, lan selajenge nembe teng warsa 1970an Keraton Solo masrakaken bendera punika dateng Museum Tekstil Jakarta.

Saking Dinas Pariwisata lan Kebudayaan Jawa Barat nyukani katerangan, kangge selajenge Dinas ingkang gadahi tanggung jawab perkawis kebudayaan Jawa Barat punika bade nyukani dukungan khususe kangge ngelangkungi penelitian lan milari asal-usul uga milari kawontenan bendera Macan Ali asli damelane langsung Sunan Gunung Jati. Punapa malih, Undang-undang ingkang ngatur perkawis sejarah lan cagar budaya negesaken minangka aset sejarah kayadene bendera asli Macan Ali kudu dilindungi. Keranten punika, pihak Dinas Pariwisata lan Kebudayaan Jawa barat uga nyukani janji bade ngusahaken bendera Macan Ali punika saget dibakta malih teng Indonesia, saupami bendera teng Museum Rotterdam Belanda punika pancen leres bendera asli damelane Sunan Gunung jati Cirebon.

sumber : koransindo

alih bahasa : mugi handoyo

27303 Total Views    4 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below