Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Stasiun Cirebon/Stasiun Kejaksan (1920 M)

 

Stasiun Cirebon mangrupi sawijining stasiun Kereta Api utawi sepur ingkang wontene teng Dalan Siliwangi, Kejaksan Kota Cirebon. Keranten wontene teng Kecamatan Kejaksan, Stasiun Cirebon uga biasa disebat Stasiun Kejaksan. Stasiun niki dicepeng teng Kantor Daerah Operasional (Daops) 3 Cirebon, inggile 4 meter saking inggile toya laut.

Gedong Stasiun Kejaksan didamel teng warsa 1920 Masehi, ditata dening arsitek Belanda ingkang wastae yaiku Pieter Adriaan Jacobus Moojen (1879 – 1955) teng selebete gaya arsitektur campuran art nouveau sareng art deco. Kalih menara ingkang saniki wonten seratan CIREBON, rumiyin wonten seratan KAARTJES (karcis) teng sisih kiwe lan BAGAGE (bagasi) teng sisih tengen. Teng warsa 1984, gedong stasiun niki dicet werni petak.

Stasiun niki mangrupi stasiun ingkang paling ageng teng wewengkon Cirebon, uga mangrupi panggenan mandege pinten-pinten sepur saking arah Jawi Tengah lan Wetan, uga saking arah Jakarta lan Jawi Kilen.

(dikempalaken saking katah sumber, diserat malih dening Mugi Handoyo)

baca juga :

Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kasepuhan (1529 M)

– Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kanoman (1588 M) 

– Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Masjid Agung Sang Cipta Rasa (1489 M)

Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”: Keraton Kacirebonan (1800 M)

Wisata Cirebon “Tempo Doeloe”; Gua Sunyaragi (1703 M)

Wisata Cirebon “Tempo Doleloe” : Masjid Merah Panjunan (1453 M)

12392 Total Views    8 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below