Asal Usul Wasta-wasta Dermagi teng Kota Cirebon

simbolKota Cirebon, sampun lami katah ingkang uning sareng budayae ingkang kiyat. Malah, katah wasta-wasta dermagi utawi dalan teng Kota Cirebon gadahi asal-usul kiyambek. Senajan mekoten, katah sumber asal-usul punika, diantawise lelampahan Pangeran Walangsungsang putranipun Prabu Siliwangi nalika kiyambeke ngelangkungi Babad Yaksa utawi Alas niku dados sawiji asal-usul wasta pinten-pinten wilayah teng Cirebon.

Pinten-pinten sumber perkawis wasta wilayah utawi panggonan teng Cirebon diantawise yaiku Sejarah Cirebon, Carita Purwaka Caruban Nagari lan Babad Tanah Sunda, gadahi kebentenan setunggal sareng sanese. Namung, kebentenan punika nalika sawiji kekayaan kiyambek kangge Gerage utawi Negara Gede, mangrupi sebatan Cirebon saking naskah Carita Purwaka Caruban Nagari.

Teng selebete buku “Sunang Gunung Jati (Antara Fiksi dan Ilmiah), Pembumian Islam dengan pendekatan struktural dan kultural” ingkang ditulis Dr. H. Dadan Wildan, Mhum., teng selebete punika uga bakta cerita asal-usul wasta wilayah teng Cirebon. Sejarah Cirebon jilid kaping kalih ngejelasaken gamblang perkawis asal-usul sawiji wilayah terutami Lemahwungkuk, Panjunan, Pesayangan, Pekarungan, Gunung Sari, Dukuh Semar, Kebon Pring, Pekalangan, Pandesan, Parujakan, Anjatan, Pulasaren lan Jagasatru.

Carita niku diawiti nalika Walangsungsang alias Ki Somadullah ngelangkungi pamitan kangge kesah bade teng arah kidul saking Gunung Jati. Dinten niku dinten Sebtu, Walangsungsang dugi teng sawiji panggonan ingkang sepi lan boten enten tiyang sanese, kejaba mung wontene sawiji tiyang sepah ingkang gadah wasta Ki Pangalang Alang utawi Ki Gedeng Alang Alang. Dugi teng panggonan punika, Walangsungsang ngucapaken kalimat WAQO’TU (basa Arab) minangka artie niku “Kula sampun dugi”. Keranten punika, panggonan punika selajenge disukani wasta utawi jeneng Lemahwungkuk.

Sesampune ngelangkungi sholat, Walangsungsang medal saking griya kangge ngelangkungi pedamelan. Kiyambeke ningali katah witan ageng, malah wonten sing inggile nganti limangatus (500) meter. Selajengen sareng sabar lan giat kiyambeke babad yaksa/alas punika. Nganti teng sawijining waktos kiyambeke dugi teng sawiji panggonan teng alas punika ingkang katah hewane, uning punika kiyambeke waos donga supados boten angsal cilaka. Sesampune wilujeng saking gangguan hewan, kiyambeke ngucapaken FAA ANJAENAA (basa Arab) ingkang artie niku “Kula Sampun Wilujeng utawi Selamet”. Keranten punika, tempat niku disukani wasta utawi jeneng Panjunan.

Lelampahan selajenge, Walangsungsang mlampah ngilen nganti kiyambeke rumasa bingung keranten boten uning dalan selajenge. Kiyambeke waos donga lan ketingal malih dalan ingkang leres, lan teng waktos punika kiyambeke ngucapaken FASYAALAMUNAA (basa Arab) ingkang artie “Kudu Uning”. Panggonan niku selajenge disukani wasta Pasayangan. Selajenge Walangsungsang ngelangkungi lelampahan malih teng daerah ingkang selajenge dados asal-usule Pekarungan. Asal tembung Pekarungan kiyambek niku saking tembung FAKKARNA (basa Arab), tembung ingkang diucapaken Walangsungsang keranten rumasa bingung bade ngelajengaken lelampahan utawi boten. Namung selajenge, Walangsungsang tetep ngelajengaken lelampahane keranten kiyambeke sampun rumasa tenang atie lan uga sampun bingah, mingka panggonan punika selajenge disukani wasta Gunung Sari lan Dukuh Semar saking tembung Walangsungsang QOOMA SIRRI JAMI’AN SAMARIN (basa Arab).

Saking lelampahan punika wonten pinten-pinten panggonan ingkang gadahi cikal bakal wasta kayadene Parujakan saking tembung Walangsungsang FARJANAA (basa Arab), Pekalangan uga saking tembung kiyambeke yaiku FAKHLONAA (basa Arab) ingkang artie “Kula Kesupen Pikiran”, uga wonten Pandesa saking tembung FAHANDASNAA (basa Arab) ingkang artie “Kula Angsal Pitunjuk”, teras wonten malih ROKIBUNA RUMATALLAAHI FARIHIN (basa Arab) ingkang dados cikal bakale Kebon Pring, FARO’AETU AAJATAINI (basa Arab) ingkang artie “Kula Ningali Kalih Tanda” minangka saniki dados panggonang ingkang disebat Anjatan. Uga wonten malih tembung FALAA SASARENAA (basa Arab) minangka artie “Kula Boten Teras Melampah” lan saniki dados panggonan sing disebat Pulasaren.

Saking pihak Keraton Kanoman Cirebon kiyambek nyukani katerangan, katahe versi utawi sumber perkawis asal-usul wasta/jeneng sawiji panggonan, niku negesaken yen Cirebon kiyambek nalika kota ingkang gadahi akar oyod budaya ingkang kiyat. Keranten punika, katahe versi, sumber, babad lan sanese perkawis Sejarah Cirebon, kudu dipun hormati kangge sawiji sugihe budaya teng Cirebon, lan kudu dipun lestariaken sesarengan supados lare putu teng waktos selajenge tetep uning lan ngormati sejarah Cirebon jaman rumiyen.

(Sumber saking radarcirebon.com lan saking sumber-sumber sanese, diolah lan ditulis malih dateng Mugi Handoyo)

20224 Total Views    4 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below