“TJIREMAI” Serat Pawarta pertami teng Cirebon

koranTeng selebete sejarah PERS Indonesia, surat kabar utawi serat pawarta “BATAVIASE NOUVELLES” medal teng titimangsa 7 Agustus warsa 1744 Masehi, niku mangrupi serat pawarta pertami ingkang dados penerbite yaiku Gubernur Jendral Van Imhoff. Idin terbite disukani dateng Adjunct Secretary General Jorde. Idin terbit nenem sasi, selajenge ditambih malih dados tigang warsa. Nalika teng jaman Daendels – Inggris, titimangsa 5 Agustus warsa 1810 Masehi terbit serat pawarta “DE BATAVIASCHE COLONIALE COURANT”.

Wonten data teng Depo Arsip Kota Cirebon, ngembange jagad PERS teng Jawa Barat, pawitane sampun dados catetan penting lan strategis teng selebete sejarah media cetak teng Indonesia. Pinten-pinten wewengkon teng Jawa Barat, kayadene Bandung, Bogor, Cirebon, Tasikmalaya, Sukabumi lan Banten, katah gentosan kaum Nasionalis nerbitaken serat pawarta. Selajenge, ngurus lan ngupayakaken media ingkang propesional teras dikembangaken. Idealisme perjuangan nyukani werna isen-isen teng media. Media massa, kususe serat pawarta teng waktos punika dateng kaum nasionalis diengge lan dimangpaataken dados alat perjuangan kangge ngelawan penjajah Welanda/Belanda. Keranten punika, katah serat pawarta ingkang umure boten lami lan biasae pingpinane sering gadah masalah sareng pulisi rahasia ingkang teras ngawasi lan uga mata-matai kaum pergerakan nasional. Sampun keceluk teng waktos punika Pulisi Rahasia Welanda yaiku Politieke Inlichtingen Dienst utawi PID. Sedanten lapuran saking PID dados alesan Welanda kangge ngelangkungi larangan terbite serat pawarta lan uga ngelebetaken sedanten tiyang-tiyang serat pawarta punika teng bui.

Katah ingkang nerbitaken serat pawarta ngangge basa Melayu lan basa daerah kususe Sunda, lamun dietang jumlae niku imbang. Serta pawarta basa Sunda ketingale langkung gampil ditampi sareng masarakat Jawa Barat terutami teng wilayah Priangan. Paham cakete komunitas punika ingkang langkung katah pengaruhe, uga wonten serat pawarta ingkang ngangge basa Welanda lan uga Tionghoa.

Tebih sederenge serat pawarta “MEDAN PRIJAJI” diterbitaken, teng Cirebon kiyambek sampun wonten serat pawarta “TJIREMAI” teng warsa 1890 Masehi ngangge basa Welanda, ketulise Zaterdag, 28 Pebruari. Serat pawarta basa Welanda niki kesimpen teng Perpustakaan Nasional RI. Teng Cirebon, kecatet wonten serat pawarta “POESAKA TJIREBON” pingpinan Darma Atmadja, “WARTA TJIREBON” lan “SOELOEH RAKJAT” pingpinan Anwar Djarkasih. Warsa 1932, wonten “SOEARA POEBLIK” saking Bandung pingpinan Soejitno lan Liem Koen Hian.

Wonten sisa catetan saking ngembange PERS Jawa Barat. Sesampune kedadosan pemberontakan “Kaoem Merah” teng sasi Nopember warsa 1926, katah serat pawarta terbit teng pinten-pinten kota Jawa Barat, kususe Bandung. Kecatet teng Bandung terbit serat pawarta “INDONESIA MOEDA”, uga wonten “FIKIRAN RA’JAT” ingkang keceluk pisan sareng tulisane Bung Karno yaiku “Indonesia Menggugat”. Pikiran lan tulisan Bung Karno ingkang diwartaaken teng “FIKIRAN RA’JAT” niku ingkang bakta kiyambeke teng sidang pengadilan lan diponis bui.

Nalika warsa 1935 teng Bandung kecatet terbite serat pawarta “NICORK – EXPRESS”, serat pawarta ujude koran stensilan pertami teng Bandung, selajenge dados serat pawarta dintenan utawi harian sareng Pingpinan Umum utawi Pingpinan Redaksie niku Bratanata. Urusan redaksie niku wonten Djamal Ali lan Ahmad Zainun Soetan Palindih. Selajenge terbit “BERITA PRIANGAN” dipingpin dateng Ali Ratman sareng Pingpinan Redaksie OK. Yaman lan Bakri Soera Atmadja. Wonten malih “SEPAKAT” dipingpin A. Hamid. Teras “KORAN INDONESIA” dipingpin Moh. Koerdi lan Rochdi. Uga wonten “BERITA OEMOEM” medal ngelajengaken saking “BERITA PRIANGAN” dipingpin Soenarjo Gondokoesoemo lan Ali Tirto Soewirjo. Katah terbite serat pawarta basa Melayu/Indonesia teng Jawa Barat, teng waktos punika sesarengan dipileti terbite serat pawarta basa Sunda. Terbite media cetak basa Sunda teng waktos punika boten saget dipisaaken saking pergerakan kaum nasionalis teng wewengkon Jawa Barat.

Miturut catetan, serat pawarta basa Sunda pertami ingkang terbite teng Bandung yaiku “SORA MERDIKA” pingpinan Moh. Sanoesi. Warsa 1 Nomer 3 terbite teng titimangsa 1 Mei warsa 1920. Wonten malih sing ngandika, serat pawarta pertami ngangge basa Sunda niku “SOENDA BERITA”, namung dereng terang kapan waktos terbite. Teng waktos punika uga terbit “MINGGOEAN SOENDA SOEMANGET” dipingpin Toenggono. Serat pawarta mingguan “SOENDA PADJADJARAN” dipingpin Haris Soema Amidjaja lan “SILIWANGI” dipingpin Ema Brata Koesoema. Kecatet uga wonten data terbite “PENDAWA” pingpinan Gatot. Terbit uga serat pawarta Sunda sanese, di antawise “MASA BAROE”, “SAPOEDJAGAD”, “SIMPAJ” lan “ISTERI MERDEKA”. Uga wonten terbite koran “PANGLIMA” teng Tasikmalaya.

Teng jaman penjajah Jepang, sedanten serat pawarta ingkang wonten teng Bandung lan Jawa Barat ditutup, sedantene didadosaken setunggal penerbitan yaiku serat pawarta “TJAHAJA” teng andape pengawasan Sendenbu. Pingpinan “TJAHAJA” teng waktos punika yaiku Otto Iskandar Dinata lan Bratanata.

Sesampune penjajahan Jepang, teng Bandung kecatet wonten terbite serat pawarta “SOEARA MERDEKA” ingkang dipingpin dateng Boerhanuddin. Nalika Welanda mlebet malih teng Indonesia bonceng sareng Sekutu, “SOERA MERDEKA” ngungsi teng Tasikmalaya. Teng titimangsa 24 Maret 1946 kedadosan geger Bandung Lautan Api ingkang dadosaken masarakat Bandung sami ngungsi teng Bandung Selatan, malah nganti teng Garut, Tasikmalaya lan Ciamis. Koran “SOEARA MERDEKA” uga milet ngungsi teng Tasikmalaya kangge ngelajengaken perjuangane.

Selajenge, sesampune merdeka, katah serat pawarta ngangge basa Sunda ingkang terbit teng pinten-pinten wewengkon Jawa Barat kayadene “SINAR MADJALENGKA” warsa 1948 teng Majalengka, “WARGA” warsa 1954 teng Bogor, “KALAWARTA KOEDJANG” warsa 1956 teng Bandung. Sederenge, sesampune diwaosaken proklamasi kemerdekaan, teng jaman “Negara Pasoendan” uga terbit “HARIAN PERSATOEAN” ingkang selajenge pernah diurus dateng Djawatan Penerangan.

Sumber : radarcirebon.com
alih bahasa : Mugi Handoyo

11185 Total Views    4 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below