Gedong Belanda, Hotel Canton lan Markas Korem

IMG_20141029_155952Cirebon24.com – Nalika teng warsa pitungpuluan, maksih katah wargi kota Cirebon sing saget nyakseni wontene bangunan-bangunan tempo dulu utawi jaman bengien teng seturute dermagi Karanggetas nganti dermagi Siliwangi. Namung saniki sampun katah sing robah dados Mall, Ruko lan Bank. Pripun ujud sederenge?

Bangunan utawi gedong sareng gaya arsitektur unik khas Belanda teng seturute dermagi Karanggetas nganti dermagi Siliwangi, saniki mung wonten teng selebete poto utawi emutane wargi teng riku mawon.

Ketua RW 03 Pagongan, Anton Bambang Sugihartono, dereng lami waktose nyukani katerangan, kiyambeke maksih kemutan waktos jamane dados lare alit, waktos punika teng seturute Karanggetas maksih ngadeg gagah gedong-gedong khas Belanda. Malah kiyambeke maksih emut witan cemara sing wontene teng wilayah niku. Bengien, wilayah sing saniki dados Yogya Grand lan Panin Bank, mangrupi wilayah gedong Belanda sing didadosaken hotel jengenge Canton. Selajenge teng awit-awite kemerdekaan dados Markas Komando Resor Militer utawi Korem, teras teng warsa 1987 gedong punika dipundut Pemkot Cirebon lan diengge dados Perkantoran BP7.

Teng warsa 1995 ngadeg Yogya Grand nganti saniki. “Bilih maksih wonten, pestie gedong niku mangrupi gedong sejarah keranten antik didamele teng jaman Belanda. Kula maksih emut pisan yen gedong niku sami persis sareng gedong Bale Kota lan Kantor Bakorwil. Cobi lamun saniki maksih wonten, tamtu niku saget didadosaken museum,” kanda kiyambeke.

Sanes mung niku mawon, kiyambeke uga nyeritakaken teng wilayah niku pernah wonten bangunan Markas Komando Distrik Militer utawi Kodim lan CPM, sing selajenge teng warsa 1997 robah dados Asia Toserba. Teras, wonten maksih teng sebelahe uga bengiene gedong Tionghoa jenenge gedong Cun Wha Cun Bhe, selajenge didadosaken Markas Polwil lan teng warsa 1998 robah dados Surya Toserba.

Gedong-gedong punika robah sing gadahe teng warsa 85-an, nalika teng jamane Walikota Khumaedi. Anton kiyambek rumasa kuciwa sareng wontene robahan sing bakta akibat gedong sing gadahi sejarah gampil diobah. “Lamun dipikir, sing rugi tamtu masarakat Cirebon kiyambek, keranten sampun kelangan aset gedong cagar budaya,” pitutur kiyambeke. Saniki, gedong-gedong tinggalan Belanda teng wilayah Karanggetas sampun boten enten, sementawis teng Siliwangi maksih nyisaaken Alun Alun Kejaksan, Bale Kota, Stapsiun Kejaksan lan gedong Bakorwil.

“Punapa gedong-gedong punika saget robah peryogiane, niku sing dados pitakonan. Minangka kula niki wargi Kota Cirebon, kula nyuwun dateng pemerentah kangge pengarepe supados saget ngelindungi gedong-gedong cagar budaya sing wonten saniki, supados sampun kedadosan malih gedong-gedong niku didadosaken sadean teras selajenge sareng gampil mawon ngerobah sedanten fungsi lan mangpaate,” wiraose. Wilayah gedong-gedong teng Karanggetas nganti Siliwangi saget dados conto lan pelajaran kangge pemerentah. Kiyambeke nyuwun kangge kesawonan pemerentah sing sederenge supados boten dilakoni malih.

Kepala Seksi Bina Nilai Sejarah lan Kepurbakalaan Bapusipda Kota Cirebon, Sugino, S.Pd., nerangaken, kiyambeke ngakoni sederenge wonten UU No. 10 Tahun 2010 perkawis Perlindungan Cagar Budaya, kangge ngawasi lan ngelindungi benda sareng gedong-gedong sejarah maksih dereng kiyat. Teng waktos punika, sedanten urusan niku mung diatur teng selebete undang-undang warisane Belanda sing jenenge Monumenten Ordonantie No. 238.

Teng aturan niku bilih wonten robahan benda cagar budaya mung disukani denda agenge 7 gulden, minangka selajenge perlindungan kangge benda cagar budaya dados boten kiyat.

“Selerese, lamun nyeritakaken perkawis robahan fungsi gedong-gedong cagar budaya niki, ibarat ngungkit tatu sing lami. Namung saniki sedantene sampun robah milet aturan sing enggal,” pungkase.  (c24MH)

Sumber : radarcirebon.com
Alih Bahasa : Mugi Handoyo

16954 Total Views    4 Views Today

Subscribe

Thanks for read our article for update information please subscriber our newslatter below